Bab-bab Ing Suralaya

Bab-bab liyane kang tinemu ing Suralaya, umpamae,

 

Lawang Selamatangkep

Lawang kang awujud sela (watu) satangkep minangka lawang, tumuju ing Suralaya. Lawang Sela Matangkep mau dijaga Dewa kembar kang apaes yaksa arane Cingkarabala lan Balaupata. Lurung kang tumuju ing platarane kraton Sala kang sinebut Gladhang, uga direnggani gupala (reca sing digawe saka watu tur gedhe), sajake memba lawange Suralaya kang dijaga dening Cingkarabala lan Balaupata.

Paparyawarna

Alun-alun ing Suralaya , kang tengah-tengahe ditanduri ringin sakembaran kang sinebut Dewandaru lan Wijayandaru. Sajake kraton Sala lan Ngayogyakarta uga ngemba ringin sak kembaran ing Suralaya iku.

Bale Mercukundha utawa Bale Mercukundhamanik

Papan pasewakan (sasana sewaka) yen Sang Hyang Jagatnata pinuju tedhak sinewaka sinowanan para Dewa.

Mandhalasana utawa Bale Mandhalasana

Papane para Dewa yen pinuju suka-suka pari suka (tempat rekreasi para Dewa).

Lokananta utawa Lokananta

Gamelan ing Suralaya, yasane Sang Hyang Jagatnata utawa Bathara Guru. Niyagane para Dewa lan pesindhene para Widadari.

Repatkepanasan

Glanggang andon yuda kang awujud jembar banget kanggo perang yen Suralaya dilurugi mungsuh kang ngrabasa para Dewa.

Jamurdipa

Arane gunung sing ana ing laladan Suralaya.

Candradimuka

Kawahe gunung Jamurdipa uga sinebut naraka jahanam kanggo nyiksa sukmane para titah sing nandhang dosa.

Endhut Blegedhaba

Lahare kawah Candradimuka sing panase tanpa upama.

Lembu Andhini utawa Lembu Nandhini

Sapi titihane Sang Hyang Jagatnata.

Airawata

Gajah titihane Sang Hyang Bathara Indra.

Kaga Garuda Brihawan

Manuk garudha kang aran Brihawan, yaiku Garudha titihane Sang Hyang Bathara Wisnu.

Leave a comment