TOBATE PREMAN SEKOLAH

Esuk-esuk preman sekolah wis gawe perkara. Preman mau duwe aran Abduh. Petentang-petenteng ing ngarep kelas. Sapa bae sing arep mlebu kelas kudu aweh upeti arupa duwit, yen ora gelem bakal entuk tempeleng. Saka kadohan katon kledang-kledang bocah loro kang kawentar anak pejabat. Bocah kloron mau yo Vera lan Rico. Saktekane ngarep lawang, lawang katutup si Abduh sing ndepaplang satengahe lawang.

Abduh  :  “Hey, piye kabare pejabat cilik ?” (ngadang dalan) “ Pada kesusu yo ? Ana apa tho kok padha kesusu-susu ? Mbok santai bae….” (meluk Rico) “Piye yen dholanan dhisik ?”

Rico     :   “Ngapa tha ? Ngapa kowe ngadang dalanku ?”

Abduh  :   “Hlo… etok etok ora ngerti apa emang ora ngerti ? Iki papan kakuasaanku, yen kowe arep mlebu kelas, kowe kudu mbayar pajak karo aku.”

Rico     :   “Aturan saka ngendi kuwi ? Iki sekolahan ora ana pajak-pajakan, ngerti ? Emange iki sekolahan duwene mbahmu apa ? Emoh, aku ora sudi bayar !”

Abduh  :   “Apa mau sing bar kok omongke ? Bocah ingusan.”

Rico     :   “Mbayar ? Ora sudi, mending duwite tak nggo tuku bakso 10 mangkok.”

Abduh  :   (mlaku marani Rico) “Heh gembrot, kowe aja sok wani karo aku yo ! Vera, kowe gelem bayar opo ora ?”

Vera     :   “Ayo, aku gelem bayar, nanging kowe ngeculke aku.”

Abduh  :   “Oke. Kowe entuk mlebu sabubare mbayar, nanging bocah gembrot iki ora.” Aku arep dolanan dhisik, apa kowe kabotan ?”

Vera     :   “Oke, kowe isa nggowo Rico.”

Abduh  :   “Yo, saiki ndi duwite ?”

Vera     :   (ngetokake duwit 100ewu saka dompete) “Iki duwite.”

Abduh  :   (njupuk duwit) “Nah saiki kowe entuk mlebu.”

Vera     :   “Ngapurane yo, Co. Aku ora isa mbela kowe.”

Abduh  :   “Nah, saiki enake bocah iki diapakake yo ?”

Rico     :   “Waduh aja tho, Duh. Mengko nek aku mulih tatu piye ? Aku isa didukani ibuku ki”

Abduh  :   “Halah, embuh ora weruh. Pokoke ora ana ngapura kanggo kowe.”

 

Sawise anggegawe marang Rico, Abduh banjur klebat ngilang ora mlebu sekolah, deweke mbolos. Banjur lunga menyang diskotik lan nggunakake duwit entuke malak mau kanggo omben-omben nganti mabuk.

Ibu       :   “Saka ngendi kowe, nang ? Ngapa kok nganti esuk lagi bali ?”

Abduh  :   “Wis ah bu. Ora usah dipikirake. Nggawe males bae mbahas kuwi.”

Ibu       :   “Ya wis, saiki mlebu yuk. Kowe mesthi luwe tho ? Ibu wis masak panganan kesenenganmu kuwi.”

Abduh  :   “Emoh ah. Aku isih wareg. Aku njaluk duwit bae. Amung 500ewu.”

Ibu       :   “500ewu ? Entuk saka endi duwit samono akehe ?”

Abduh  :   “Pokoke Abduh ora gelem ngerti. Saiki Abduh mung gelem duwit kuwi. Cepet!”

Ibu       :   “Ibu ora duwe duwit samono akehe kuwi, nang !”

Abduh  :   “Ora mungkin. Ibu mesthi ngumpetake saka Abduh to ?” (mlaku menyang kamar ibune, mbongkar isi kamar, let ora suwe nemokake cincin ibune)

Ibu       :   “Aja…! Aja kokjupuk cincin kuwi, nang! Kuwi cincin paninggalan Bapakmu nalika ibu nikah dhisik…” (karo ngrebut cincin kuwi)

Abduh  :   “Argh… Dasar wong tuwa bawel. Wes ah aku meh lunga.” (ndorong ibune nganti tiba)

Ibu       :   “Aja, nang! Aja kokdol cicin paninggalan almarhum Bapakmu kuwi. Ibu njaluk nang…” (karo nguyak Abduh)

 

Abduh ninggalake ibune nglentung wae, kaya ora kenal karo ibune. Sawise ngedol cincin ana ing pasar, deweke lunga menyang diskotik nganti mbengi. Deweke mulih pas mabok abot.

Abduh  :   “Mbok…mbok! Abduh anakmu iki wis mulih!”

Ibu       :   “Kowe ngopo tho le ? Kok isa kowe nganti mabuk-mabukan kaya ngene ?”

Abduh  :   “Argh… mesthi bawel. Anake mulih ora disambut seneng malah diomeli.”

Ibu       :   “Astagfirullah… nyebut nang nyebut. Saiki kowe adus dhisik kono bubar kuwi ganti klambimu yo ? Aja lali shalat Isya’. Ibu wis suwi ora ndeleng kowe sholat.”

Abduh  :   “Aduh ibu kuwi bawel maneh o. Saiki kuwi jaman wis owah gingsir. Ora butuh shalat. Shalat kuwi ora isa nekakake duwit. Mung anggeguwak wektu bae. Wis ah aku ameh turu bae.”

Ibu       :   “Astagfirullah Abduh… Ngapa kowe isa malih kaya ngene ? Ati-ati yen ngomong kowe.”

Abduh  :   “Argh…” (ndorong ibune dhewe) “Ora usah nggatekake. Abduh ora butuh ibu kere kaya ngene.”

 

Prilakune Abduh saya suwe saya ndadi-ndadi. Amarga kuwi, ibune dadi lara-laranan. Nganti pisan dina, nalika Abduh mulih saka sekolahan….

Abduh  :   “Wah, apa lagi ana arisan ibu-ibu ya ? Kok rame temen. Wah, kesempatan apik iki, aku isa njaluk duwit luwih akeh saka mbokku kuwi.”

 

Bubar mlebu omah, Abduh kaget nalika ndeleng wanita tua sing ngletak tanpa daya ing ngarepe. Deweke banjur histeris nalika ngerti yen wanita kuwi ora salah ibune dhewe. Abduh sing saya ora percaya, mlaku nyedaki ibune.

Abduh  :   “Ibu… ngapurani aku bu. Kena apa ibu luwih dhisik ninggalake Abduh ? Abduh ora sanggup urip dhewekan. Bu, kena apa ibu kudu seda… Nyuwun pangapunten bu… Abduh janji bakal malih dadi anak sing apik lan sholeh kaya sing ibu impen-impen.”

 

Awit saka ditinggal seda ibune, sifate Abduh malih total. Deweke ora tau maneh gawe onar ing sekolah. Deweke dadi bocah sing menengan lan sregep sinau. Kabeh kancane padha kaget. Nanging kanyataane akeh kancane sing nggunakake kahanan iki kanggo balas dendam.

Rico     :   “Cuih, premane sekolah iso tobat tho ? Apa maneh preman kaya kowe. Angin saka ngendi sing isa ngggawe kowe tobat kaya ngene ?”

Vera     :   “Paling-paling sesuk yo wis dadi preman maneh. Nanging aku yakin yen aku ora bakal wedi maneh karo kowe.”

Laila     :   “Kowe iki piye tho ? Abduh iki arep malih kok mbok olok-olok kaya ngono ? Wong sing niate apik kuwi kudu didukung tho, aja malah kok olok-olok ngene. Syukur-syukur yen deweke ora malih kaya dhisik.”

Vera     :   (ndorong pundake Laila) “Eh, kowe kuwi aja dadi wong sing munafik. Kowe sabenere ya duwe dendam karo Abduh tho ? Ora usah mbok tutup-tutupi kaya ngene. Munafik !”

Abduh  :   “Wislah, La. Bocah-bocah kuwi ora usah mbok gatekake. Wong sak pantese kok padha anggegawe ngono kuwi karo aku. Aku pancen salah. Konca-kanca kabeh aku njaluk ngapura ya…”

Laila     :   “Nanging, Duh….”

Rico     :   “Aku ngapurani kowe ? Ojo ngimpi kowe.”

Vera     :   “Bener, Co. Aku yo ora rila ngapurani dheknen sadurunge kita isa mbalas kabeh sing wis dheknen lakokake karo kita.”

Rico     :   “Wis yo lunga bae. Ngapa kita kudu ngurusi masalahe deweke. Kaya ora duwe gawean wae.”

Vera     :   “Yen menyang kantin piye ?”

Rico     :   “Ayo…”

Abduh  :   “Laila, ngapa kowe malah mbelani aku. Kowe kan yo ngerti dhewe aku gawene nggawe kowe lara ati.”

Laila     :   “Uwis tho. Ora usah mbok pikir maneh masalah mbiyen kuwi. Aku yo wis ora dendam maneh karo kowe. Malahan aku melu seneng kowe isa malih sifate kaya ngene.”

Abduh  :   “Kowe pancen bocah apikan kok, La.”

Laila     :   “Ah, ojo ngono tho.”

 

Sawijining dina, Abduh kepengen dadi siswa paling apik sa-kabupaten saka nilai UN. Nalika kanca-kancane ngerti kabeh padha ngakak.

 

Rico     :   “Hahaha…. Dadi kowe duwe tekad dadi cah paling apik sa-kabupaten ? Aja ngimpi kowe. Aku wae bocah paling pinter sa sekolahan ora tau ngimpi kaya ngono. Kowe sing gobloke kaya ngono aja ngimpi….”

Vera     :   “Kita bae anake pejabat sing saben dina les ing panggonan les paling apik bae ora yakin mlebu 5 besar sa-kabupaten. Kowe sing goblok ngono paling-paling lulus wae mung kemungkinan.”

Abduh  :   “Pancen aku saka golongan wong ora duwe. Nanging elinga isih ana kesempatan. Yen kowe isa, ngapa aku ora isa ? Kowe mangan sega, aku uga mangan sega. Menawa Gusti Allah aparing anugerah marang aku, sak mesthine aku isa.

Rico     :   “Oke, yen ngono kita tarung bae sapa sing bakal dadi sing paling apik.”

Abduh :   “Oke, tak trimo tantanganmu…”

Rico      :   “Walah-walah. Paling nglawan kowe ora usah sinau bakal menang, yo opo ora ?” (karo mlaku metu kelas)

Vera     :   “Bener, ora usah sinau paling yo tetep menang.”

 

Kanggo menangke taruhan kuwi, Abduh kudu sregep sinau lan dedunga. Nanging masalahe deweke ora duwe duwit. Sak banjure Abduh mutusake sak bagian wektune kanggo ngamen ing dalan kanggo nyukupi kabutuhane.

Rico     :   “Hah ? Hla yo tenan aku ora usah repot-repot sinau kanggo nglawan kowe.”

Vera     :   “He’eh. Kita bae siang-siang ngene ijik arep lunga les. Eh, kowe malah ngamen ing tengah dalan. Apo kowe ora ngerti isin ?”

Rico      :   “Wis lah, ben bae. Iki aku duwe duwit 100ewu, gratis mumpung aku gek apikan karo kowe.”

Abduh  :   (njupuk duwit)

Rico      :   “Cuih. Hahaha pangan kuwi iduku.”

Vera      :   “Hahahaha. Mampus kowe, rasakke tak kerjani.”

Abduh  :   (meneng bae nganti mobil kuwi mlaku) “Oh kaya ngene tho rasane digegawe uwong. Bocah-bocah kuwi mesthine ngrasakake kaya ngene nalika aku anggegawe deweke ? Saiki genti aku sing ngrasakake.”

 

Kadadean mau anambah semangate sinau si Abduh supaya bisa mbuktiake yen deweke isa malih. Ing dina kelulusan…..

Laila      :   “Slamet yo, Duh!” (nyalami Abduh) “Slamet kowe wis kapilih dadi siswa paling apik sa-kabupaten.”

Abduh  :   “Iya… padha-padha, La. Aku yo arep ngucapke matur nuwun karo kowe sing wis gelem ngancani aku sinau. Yen aku ora duwe kanca kaya kowe, ya mungkin aku ora bisa dadi sing paling apik kaya ngene…” (nyengir)

Laila     :   “Alah. Ora usah kaya ngono. Sing jenenge kanca kuwi yo mesthine kudu tulung-tinulung.”

Abduh  :   “Iya bener… Eh, kowe ngerti Rico lan Vera ?”

Laila      :   “Kayake mau ana ning kelas. Nanging bocah kuwi katon sedhih amarga ora lulus.”

Abduh  :   “Yo wis aku arep mrana kowe melu apa ora ?”

Laila      :   “Iya.”

 

Ing kelas….

Abduh  :   “Hai, Co!”

Rico      :   “Ngapa kowe mrene ? Meh pamer yen kowe menang apa kowe meh ngenyek aku amarga ora lulus UN ?”

Abduh  :   “Ora ngono yo… Aku teka mrene mung arep ngajak kowe mangan ing kantin. Hla saka mau katon sedhih bae kowe, Co.”

Laila      :   “Iya bener. Abduh ora ameh ngenyek kowe ,Co.”

Vera      :   “Duh, atimu kok apik tenan tho ? Nyuwun ngapura hlo yen aku duwe salah karo kowe. Aku khilaf, Duh. Kowe gelem ngapurani aku tho ?”

Rico      :   “Aku uga yo… Nyuwun ngapura ya, Duh! Aku wis nuduh kowe sing ora-ora.”

Abduh  :   “Aku wis ngapurani kowe kabeh . Aku yo njaluk ngapura saka kaluputanku sing dhisik-dhisik yo…”

Vera      :   “Iya.. aku wis ngapurani kowe.”

Rico      :   “Aku iya, Duh.”

Abduh  :   “Yen ngono, ayo ndang menyang kantin kanggo nylameti dina iki. Kowe kabeh tak traktir…”

Semua  :   “Oke.”

 

Akhir bocah-bocah mau isa urip rukun. Bento sadurunge ana pasulayan ana ing antarane bocah-bocah mau.

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s